Pages

Monday, September 12, 2011

Syair Gus Dur TANPO WATON


Pada bulan puasa setiap mau berbuka kita selalu mendengarkan syair ini dinyanyikan di Masjid, inilah Lirik syair Gus Dur yang berjudul TANPO WATON

Mulai:

Ngawiti ingsun nglaras syi'iran Kelawan muji maring pengeran Kang paring rohmat lan kenikmatan Rino wengine tanpo pitungan

Rino wengine tanpo pitungan...

Duh bolo konco priyo wanito Ojo mung ngaji syare'at bloko Gur pinter ndongeng nulis lan moco Tembe mburine bakal sangsoro

Tembe mburine bakal sangsoro...

Akeh kang apal Qur'an Haditse Seneng ngafirke marang liyane Kafire dewe dak digatekke Yen isih kotor ati akale

Yen isih kotor ati akale...

Gampang kabujuk nafsu angkoro Ing pepaese gebyare donyo Iri lan meri sugihe tonggo Mulo atine peteng lan nisto

Mulo atine peteng lan nisto...

Ayo sedulur jo nglaleake Wajibe ngaji sa'pranatane Nggo ngandelake iman tauhide Baguse sangu mulyo matine

Baguse sangu mulyo matine...

Kang aran sholeh bagus atine Kerono mapan seri ngelmune Laku thoriqot lan ma'rifate Ugo haqiqot manjing rasane

Ugo haqiqot manjing rasanee...

Al-Qur'an Qodim wahyu minulyo Tanpo tinulis iso diwoco Iku wejangan guru waskito Den tancepake ing jero dodo

Den tancepake ing jero dodo...

Kumantil ati lan pikiran Mrasuk ing badan kabeh jeroan Mu'jizat rosul dadi pedoman Minongko dalan manjinge iman

Kelawan Alloh kang moho suci Kudu rangkulan rino lan wengi Ditirakati diriyadlohi Dzikir lan suluk jo nganti lali

Dzikir lan suluk jo nganti lali...

Uripe ayem rumongso aman Dununge roso tondo yen iman Sabar narimo nadjan pas-pasan Kabeh tinakdir saking pengeran

Kabeh tinakdir saking pengeran...

Kelawan konco dulur lan tonggo Kang podo rukun ojo dursilo Iku sunnahe rosul kang mulyo Nabi Muhammad panutan kito

Nabi Muhammad panutan kito...

Ayo nglakoni sekabehane Alloh kang bakal ngangkat drajate Senadjan Asor toto dzohire Ananging mulyo maqom drajate

Ananging mulyo maqom drajate...

Lamun palastro ing pungkasane Ora kesasar roh lan sukmane Den gadang Alloh swargo manggone Utuh mayite ugo ulese

Utuh mayite ugo ulese...

No comments:

Post a Comment